اَللهُ اَكْبَرْ (×٧)
الحَمْدُ لله 2 الَذِى جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرً الَّذِى أُنْزِلَ فِيْهِ
اْلقُرْآن هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِّنَ اْلهُدَى وَاْلفُرْقاَنِ. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ اِله إِلاَّ الله وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَه رَحِيْمٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ
وَلِلْخَائِفِيْن اَمَاناً. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْلُ الله عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُه أُوْتِىَ اْلقُرْآن. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد
وَعلَى آلِه وَأَصْحَابِه حَمْلَةُ ْالهُدَى وَاْلبَيَان.
قال الله تعالى في كتابه الكريم، أعوذ بالله من الشيطان الرجيم "
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِى اُنْزِلَ فِيْهِ اْلقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ
وَبَيِّناَتٍ مِّنَ اْلهُدَى وَالْفُرْقاَنِ"
وقَالَ رَسُولَ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم : مَنْ قاَمَ رَمَضَانَ
إِيْمَاناً وَاحْتِسَاباً غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ (متفق عليه)
أَمَّا بَعْدُ – فَيَا عِبَادَ اللهِ !
إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْن وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ
تُفْلِحُوْنَ.
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah…
Langkung rumiyin kulo wasiyat dumateng
pribadi kulo piyambak lan dateng kaum sedulur kulo muslim sedoyo. Monggo sami
ajrih dateng ngarsanipun Allah kelawan netepi sikap lan sifat takwa ingkang
saestu-estu. Sejatosipun takwa inggih kelawan ngamalaken sedoyo menopo ingkang
dados dawuhipun Allah lan nebihi sedoyo  larangan-laranganipoun Allah
swt.
Allahu Akbar,
Allahu Akbar, Allahu Akbar.
Kaum Muslimin Muslimat Ingkang kulo
mulyaaken… Dinten niki dinten riyoyo Fitri utawi Idul Fitri. Fitri niku
artosipun secara bahasa buko, minongko tandane wus rampung anggene
nglampahi puasa ramadhan. Kanthi rahmat lan kanugrahaning Gusti Allah, kito
sedoyo saget ngrampungaken kewajiban puasa kang kelebu rukun Islam kang werno
limo.     
Saksuwene poso niku kito sampun saget nyingkirake hawa nafsu saking dahar ,ngombe lan liya liyane ,mulo kelawan tumibane ‘Idul Fitri niki kito kraos pikantuk kemenangan koyo dene prajurit kang nembe kondur saking medan perang kelawan mbekto kemenanganingkang kilang gumilang, sak temene nggih pancen kados mekaten, nglawan hawa nafsu niku kalebet sewijine jihad, sewijine perjuangan kang gede, Rosululloh saw naliko kondur saking peperangan nglawan musuh kaum kafir lan musyrikin ing medan perang, Panjenenganipun banjur ngendika:
Saksuwene poso niku kito sampun saget nyingkirake hawa nafsu saking dahar ,ngombe lan liya liyane ,mulo kelawan tumibane ‘Idul Fitri niki kito kraos pikantuk kemenangan koyo dene prajurit kang nembe kondur saking medan perang kelawan mbekto kemenanganingkang kilang gumilang, sak temene nggih pancen kados mekaten, nglawan hawa nafsu niku kalebet sewijine jihad, sewijine perjuangan kang gede, Rosululloh saw naliko kondur saking peperangan nglawan musuh kaum kafir lan musyrikin ing medan perang, Panjenenganipun banjur ngendika:
“رَجَعْنَا مِنَ
الْجِهَادِ اْلاَصْغَرِ اِلَى اْلجِهَادِ اْلاَكْبَرِ, جِهَادِ النَّفْسِ”
Artine: Kito kabeh pada bali songko jihad
kang cilik (ngelawan mungsuh) nuju ngadepi jihad kang luwih gedhe, ya niku
Jihad (nglawan) Nefsu”..
 Allohu Akbar,
Allohu Akbar, Allohu Akbar.
          Kaum muslimin yang berbahagia!
katah sanget
poro menungso kang ngakeni beragama islam, nanging sholat mboten nate
ngelakoni, poso ugi mboten. Anehe yen ‘Idul Fitri sami dumugi, gih derekbungah-bungah, lan melu
seneng-seneng, klambi anyar,  lan liya-liyane. Polah tingkahipun
menungso-menungso wau koyo-koyo poro pahlawan ingkang nembe wangsul sangking medan perang,
nanging sak temene rupane musuh mawon mbotensami weruh,nopo malih mateni lan natoni
musuh.
Banget olehe mboten gadhahi raos isin
piyantun-piyantun kados mekaten niku, ngaku nipun pahlawan perang, nyatane mung
pahlawan jajan lan jenang. Nyambut riyadin kanthi bingah
lan suko cito pareng ke mawon,, bungah-bungah oleh, nanging sak madya mawon.
Ono sawijine ulama islam, arane Abu Yazid, ngucap mangkene :
لَيْسَ اْلعِيْدُ
لِمَنْ لَبِسَ اْلجَدِيْدَ, وَلاَ لِمَنْ اَكَلَ اْلقَدِيْدَ, وَلَكِنَّ اْلعِيْدُ
لِمَنْ طَاعَتُهُ تَزِيْدُ, وَخَافَ اْلوَعِيْدَ.
Artine: “riyoyo niku dudu kanggo piyantun
kang nyandang anyar tur mangan dendeng enak, nanging riyoyo niku kanggone
piyantun kang ketaatane marang Alloh biso tambah lan wedi marang ancaman
siksane.”
Dados jelas
menawai piyantun kang naliko nyambut dino riyoyo mung kelawan seneng-seneng lan
lampah mubadzir, niku namung nuruti kekarepane howo nafsune lan yen dituruti
terus, hawa nafsu niku mboten wonten mareme, ora ono akhire. Tambah suwe tambah
ndadi, koyo dene piyantun ngunjuk banyu segoro kang asin, tambah akeh olehe
ngombe, tambah nemen ngelake. Imam Al Bushiri ing dalem kitab Al Burdah,
ngaturaken syi’irane :
“وَالنَّفْسُ
كَالطِّفْلِ اِنْ تُهْمِلْهُ شَبَّ عَلَى * حُبِّ الرَّضَاعِ وَاِنْ
تَفْطِمْهُ يَنْفَطِمِ”
“Howo nafsu niku koyo bocah cilik, lamun siro tok ake, mesti terus olehe seneng nyusu, nanging lamun siro sapih (dipedot) hiyo bakal kasapih (biso medhot banyu susu).”
Rosululloh SAW ngendikaake yen piyantun kang
seneng nuruti nafsune niku durung biso sempurno imane.
لاَيُؤْمِنُ اَحَدُكُمْ حَتَّي يَكُوْنَ هَوَاهُ تَبَعًا لِمَا جِئْتُ
بِهِ
Artine : “Ora sampurno imane salah
sawijine siro kabeh, sahinggo howo nafsune gelem di anutake marang agomo kang
ingsun (Nabi Muhammad) gawa (yakni Agami Islam).”  Diriwayatake
deneng Imam Bukhori.
Dados sanes agamine ingkang dianutake miturut kekarepane
howo nafsune, Nanging howo nafsune kang kedah di rem, dikendalikno sarto
disetir dening agami Islam. Yen lampah niki pun saget ditindak aken nembe saget
kawastanan sampurno imanipun.
Allahu Akbar,
Allahu Akbar, Allahu Akbar.
              Kaum Muslimin Muslimat Ingkang
Berbahagia.
Saben-saben piyantun kang anduweni cito-cito
utowo niat kepingin gayuh sewijine perkoro kang nyebabake kepenak, mesti lan
wajib wani ngadepi kesengsaran, kerupekan lan wajib tahan tur  sabar. 
          Kito kepingin ngraosaken legine
nangka, kedah wani keno pulut, kito kepingin ngraosaken legine madu tawon,kedah wani dientup tawon, lan sak
lajengipun.
Ringkesipun kabeh kelapangan lan kesenengan
kedah digoleki kelawan wani nandang sengsoro lan prihatin. Semanten ugi dino
riyaya niki, dino kang dirameake kelawan kabungahan lan kasenengan, saget
kalampahan mung kelawan
wontenipun wulan poso romadhon ingkang ing sak lebeting sewulan muput
terus-menerus ngraosaken ngelak lang ngelih utawa .
               Mulo piyantun kang tumut
Riyoyo,ananging  emoh
nindakaken poso niku keno diarani gawe sakepenake dewe, ibarat gelem mangan
nangkane emoh gupak pulute. Rekoso disik banjur bungah-bungah, niku ora mung
menungso thok, cobi kito pirsani kahanane kupu, asale uler. Naliko deweke
kepengin biso mabur dadi kupu, bebas mrono mrene, banjur deweke ngenthung, poso
ora mangan lan ora ngombe, awake dilebokake guwo, yo niku enthunge, nganthi pirang-pirang
dino. Akhire dadi kupu, biso ngambah gegono, mebur kelawan sentosa.ingKang
mekaten meniko wajib dadi
pepeling utowo tadzkiroh tumrap
poro menungso kang biso migunaake akal ipun.  
               Mulo niku cocok banget nopo ingkang
dipun dhawuhake dening Allah Ta’ala
¨
bÎ*sù yìtB Îô£ãèø9$# #·ô£ç ÇÎÈ   ¨bÎ) yìtB Îô£ãèø9$# #Zô£ç ÇÏÈ
  karena Sesungguhnya sesudah
kesulitan itu ada kemudahan,
                Sesungguhnya sesudah kesulitan itu ada
kemudahan.
Allohu Akbar,
Allohu Akbar, Allohu Akbar.
              kaum muslimin  wal muslimat ingkang berbahagia!
Naliko Shiyam kito ngraosaken ngelih lan
ngelak, kiro-kiro mung ing wektu poso thok kito ngraosaken mekaten, menawi
mboten poso mesti saget dhahar-ngunjuk nganti  marem.
Nanging yen kitho neliti kahanane poro kaum faqir miskin, sangsarasanget pagesanganipun, sedina mangan sedina
mboten, lan saben dinane mlaku turut dalan jaluk kawelasane tiyang sanes.
Piyantun kang mengkono iku saben dino ngraosaken ngelak lan
ngelih, saben dina atine tansah susah kerono durung karuaningkang didahar.
            Mulo niku sakwuse kitho ngraosaken
sangsarane ora mangan lan ora ngombe sewulan muput, banjur mestine yo kedah
thukul roso welas lan asih marang poro faqir miskin.
Kerono niku agama islam banjur majibaken
tumrap ummatipun supados ngedalaken zakat fithrah lan yen ono sandangan kang
wus ora dienggo, becike dishodaqohake marang piyantun-piyantun kang
kekurangan  Kanti mekaten
berarti, kitho sampun ngamalake
perintahe Rosululloh saw hiyo niku :
أَغْنُوْهُمْ عَنِ السُّؤَالِ فِى هَذَا اْليَوْمِ .
Artine : “Poro faqir miskin niku cukupono
(sandang pangane) supoyo ojo nganthi jejaluk ing dino riyoyo iki.”
          Tegese ojo nganthi yen dino riyoyo
niku katon ono piyantun ngemis, sebab mesaake banget, wayahe piyantun akeh podo
seneng-seneng, sambang-sinambang, ziaroh-ziarohan kelawan mangan jajan lan
ngombe wedang, dumadaan isih ono sepirangan menungso kang kapekso jaluk-jaluk
kanggo ngisi wetenge, mongko yen ditakoni agamane, piyantun ngemis mahu
ngandaake, “agami kulo Islam”. Dadi yen mengkono piyantun niku isih sedulur kitho
dewe tunggal agama. Opo ora terenyuh manah kitho. Mugo-mugo kitho diparingi
sifat welas lan asih marang sepodo-podo makhluq ing bumi, supoyo kitho diasihi
dening sinten kemawaon kang mapan ono ing langit. Rosululloh saw dawuh :
اِرْحَمْ مَنْ فِى اْلأَرْضِ ، يَرْحَمْكَ مَنْ فِى
السَّمَاء
ِArtine : “Welaso siro marang kang ono ing bumi, siro
mesti diwelasi kang ono ing langit.” Diriwayatake dening Imam At Thobroni
saking shohabat Jarir ra.
Allohu Akbar,
Allohu Akbar, Allohu Akbar.
 (#qà)ÏÿRr&ur `ÏB $¨B Nä3»oYø%yu `ÏiB È@ö6s% br& ÎAù't ãNä.ytnr& ßNöqyJø9$# tAqà)usù Éb>u Iwöqs9 ûÓÍ_s?ö¨zr& #n<Î) 9@y_r& 5=Ìs% X£¢¹r'sù `ä.r&ur z`ÏiB tûüÅsÎ=»¢Á9$# ÇÊÉÈ   `s9ur t½jzxsã ª!$# $²¡øÿtR #sÎ) uä!%y` $ygè=y_r& 4 ª!$#ur 7Î7yz $yJÎ/ tbqè=yJ÷ès? ÇÊÊÈ  
Artine :
“Lan siro kabeh podo
infaqna songko rizqi kang wus ingsun paringake marang siro kabeh, sak durunge
salah suwijine siro kabeh niku katekan pati, banjur matur : “Duh pengeran kulo,
mugi panjenengan paring wekdal sakedap kemawon kulo bade shodaqoh lan bade dados
golonganipun tiyang sahe-sahe. Alloh ora bakal paring kelonggaran wektu
marang piyantun lamun wus teka titi mangsane pati. Alloh niku Moho Waspodo
marang opo wahe kang siro kabeh tindaake.”
اَعُوْذُ باِلله مِنَ
الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ. يآ اَيُّهاَ
الَّذِيْنَ آمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّياَمُ كَمَا كُتِبَ عَلىَ الَّذِيْنَ
مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ.
باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ
فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ - وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ
اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ - وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ
إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ
اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات
وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ
الرَّحِيْمِ.
 ___________________________________________________________________________
Written by ; H. Abdullah Najib
 
 
    